V46R

https://www.youtube.com/channel/UCKAWA8omTAkRTNRqnGkPZ5w

Saturday 23 August 2014

ARTIKEL MC IDUL FITRI BAHASA JAWA [ By Chairul Syaifudin ] Terbaru 2014



 ARTIKEL MC IDUL FITRI BAHASA JAWA

Assalamualikum wr.wb
Alhamdulillahilladzi arsala rasuulahu bilhuda wadinil haqqi. Liyudirohu alaaddini kulih walau karihal kaafirun. Asyadu alla ilaaha illallah wahdahula syarikalah waasyadu anna muhammadan abduhu warosuuluh shadiqul wa’din amin. Allahuma shali wasslim ‘ala muhammadin wa’ala aalihi wa-ashabihi ajmain.
Jamaah shalat idul fitri ingkang dipun mulyaaken dening allah swt.
Sedaya pangalembono, puja puji kalawan syukur namung konjuk dhumateng ngarso dalem allah swt. Ingkang sampun kapareng ambabaar karaharjan, kasarasan miwah nikmat islam, imam soho ihsan dhumateng kulo lan panjenengan sami.
Kacihno ing enjang punika kula lan panjenengan sami kapareng kempal manunggal nindaaken shala tidul fitri ing papan punika.
Salam soho salawat mugi tansah katetepno dhumateng junjungan kita, panutan kita nabi agung muhammad saw. Ingkang tansah kita antu antu safa’atipun samangke ing yaumul qiyamah.
Wulan ramadhan 1435 H tahun punika, ingkang kebak rahmat, maghfirah soho iqum minanar sampun kalampahan. Mugi – mugi sedaya pangibadahan kita ingkang kita tindaaken kanthi ikhlas ing manah yektos sampun dipun tampi dening ngarsa dalem allah swt. Kanthi pangangkah sedoyo ganjaranipun sampun dipun katetepaken tumrap kula lan panjenengan sami, sahengga mahanani indhaking keimanan soho ketaqwaan kita. Amien.
Jamaah shalat idul fitri rahimatumullah
Kados padatan sak sampunipun shalat idul fitri paripurna dipun wontenaken acara alal bi halal, pramila keparenga kula badhe ngaturaken menggah rantamaning acara :
1.      Acara ingkang kaping pisan inggih menika Pambuka
2.      Acara ingkang kaping kalih inggih menika atur alal bi halal saking pihak anem dhumateng pihak sepuh
3.      Acara ingkang kaping tigo inggih menika alal bi halal saking pihak sepuh katur pihak anem.
4.      Acara ingkang pungkasan inggih menika panutup
Jamaah shalat idul fitri ingkang dipun mulyaaken dening allah swt.
1.      Kangge ambuko acoro allal bi halal ing enjang punika kanthi pangangkah tansaho manggih rahayu, pramila sumangga kito maos lafal basmallah kula dereaaken.
2.      Ngancik acara ingkang kaping kalih inggih menika atur alal bi halal saking pihak anem dhumateng pihak sepuh. Dhumateng roko mas hery rusdiyanto pinongko ketua karang taruna padukuhan Prebutan kula sumanggaaken. ................isian................
Mekaten atur alal bi halal saking pihak anem katur dhumateng pihak sepuh sampun kalampahan.
3.      Ngancik acara ingkang kaping tigo inggih menika atur panampi alal bi halal saking pihak sepuh. Dhumateng panjenenganipun bapak samidi pinongko wakil kasepuhan saking prebutan wekdal soho papan kula aturaken, sumonggo.............isian...........
Paripurna atur panampi alal bi halal saking pihak sepuh dhumateng pihak anem.
4.      Lumampah acara ingkang kaping sekawan inggih menika panutup. Sakderengipun acara alal bi halal paripurna, kulo pribadi ingkang kapiji ndereaaken lampahing acara, kathah kalepatan anggen kulo matur pramila mawantu – wantu nyuwun agunging pangaskomo.
Pinongko pratondho pari purnaning acara alal bi halal, kula suwun sedoyo jamaah jumeneng nglajengaken jawat asta, ing antawisipun jamaah kakung kalian kakung jamaah putri kalian putri sumonggo...
Wassalamualaikum wr.wb

0 comments :

Post a Comment